wirJO SOEMarto... Eling, petuah untuk selalu bersikap bijak.
Banyak petuah dalam masyarakat jawa menggunakan kata Eling. Dalam Kamus
Besar Bahasa Indonesis Edisi ketiga (Balai Pustaka 2002) Eling berarti berpikir sehat, bijaksana, pantas, ingat akan Tuhan Yang Maha Esa. Bermakna sangat luas jauh melebihi dari apa yang kita ketahui. Kita sering hanya mengartikan kata eling yang berarti ingat. Mengacu
makna di atas maka saat orang tidak berpikir sehat, tidak bijaksana,
berlaku tidak pantas dan juga tidak ingat akan Tuhan Yang Maha Esa bisa
dikategorikan tidak Eling.
Di saat jaman bebas di mana informasi datang bak air bah, sikap Eling menjadi penting. Eling membuat kita tidak hanyut, tetapi juga tidak lari dari realitas. Beberapa petuah untuk tetap Eling:
Di saat jaman bebas di mana informasi datang bak air bah, sikap Eling menjadi penting. Eling membuat kita tidak hanyut, tetapi juga tidak lari dari realitas. Beberapa petuah untuk tetap Eling:
- Eling kudu tansah semende marang pepesten
- Eling kudu tansah pasrah ing Allah
- Eling kudu rumangsa mung dadi titah
- Eling kudu rumangsa saderma nglakoni
- Eling kudu tansah sabar narima, narimo ing pandum
- Eling kudu tansah lila legawa, bisa gawe seneng atine liyan
- Eling kudu mulat salira/tepa slira
- Eling kudu welas asih ing sapada-pada, nguwongke wong.
- Eling kudu bisa ngregani marang liyan, sumanak lan sumadulur
- Eling kudu ngerti lan tansah nganggo tata krama, tata susila, unggah ungguh, tata basa
- Eling kudu tata, tangguh, tanggap, tanggon, alon-alon waton klakon
- Eling kudu taberi, nastiti, ngati-ati, tlaten
- Eling kudu tansah ngugemi janji, ora mencla-mencle
- Eling kudu seneng tetulung, seneng dedana marang kang merlokake
- Eling ojo nganti lali marang Gusti Allohe
- Eling ojo gawe seriking liyan
- Eling ojo kumentus, umuk, keminter, arep menange dewe
- Eling ojo dumeh, sumakeyan, adigang, adigung, adiguna
- Eling ojo nguthuh, mbeguguk nguta waton, srakah, dremba, kemaruk, aluamah, ngangah angah, aji mumpung
- Eling ojo gampangan, gumunan, bingungan, gampang gumuyu
- Eling ojo ngaya, ngangsa, ngresula
- Eling ojo kurang ajar, dahwen, juweh, drengki, srei, jahil metakil
- Eling ojo ma lima, madat, main, madon, mangan, maling
- Eling ojo nganti kliwatan seneng, kliwatan susah utawa samubarang kang kliwat wates
- Eling ojo gawe kapitunaning liyan, clemer, colong jupuk, laku juti, ngapusi
- Eling ojo grusa-grusu, aja briga brigi, ngawur
- Eling ojo dadi tukang goroh, cidra janji, ngapusi, mlincur
- Eling sing sapa ngapusi bakal kaweleh
- Eling wong urip bakal mati
- Eling sing sapa nandur bakal ngunduh
- Eling sing sapa salah mesti bakal seleh, sing goroh growah
- Eling sing becik bakal ketitik sing ala ketara
- Eling wong urip kudu samad sinamadan
- Eling jer basuki mawa beya.
No comments:
Post a Comment