Monday, 19 September 2016

aPik



Mikiro sing apik-apik wae (positif thinking)
Rasah mikir neko-neko
Ciptaane Pengeran iku tambah suwe tambah akeh
La yen ciptaane manungso
Dinggo suwe-suwe tambah entek

Cobo digagas
Yen bathukmu ketatap lawang
Jedug..
Aduhhh..
Bathukmu menthol to
Malih tambah gedhe
Ciptaane Pengeran tambah to
Bayangke wae yen bathukmu menthole menjero
Opo ra malah entek bathukmu
Mikir sing apik-apik wae
Ojo kok kiro Pengeran iku jahat

Sabendino tanganmu dinggo nyambutgawe
Kulit tanganmu tambah kandel
Mergo metu kapale
Bayangno wae yen tanganmu tambah suwe tambah tipis
Opo ra entek drijimu
Mung kari kuku thok
Mangkane mikiro sing apik-apik wae
Ojo kok kiro Pengeran iku jahat
Ngguyuo yo
Esemmu iso nggawe tentreme liyan
(wirJO SOEMarto)


No comments:

Post a Comment